Sabtu, 10 Oktober 2020

NgangsuKawruh:🍏-::- Nglamar Tilas Pacar

NgangsuKawruh:
🍏-::- Nglamar Tilas Pacar -::-🍎

🍇 Syaikh Masyhur Hasan Ali Salman naté disuwuni fatwa :

 🌴 السؤال : شيخنا الفاضل كنت قد ارتبطت بفتاة بعلاقة محرمة وقد انتهت هذه العلاقة من جانبي وجانبها خوفا من الله عز وجل والله على ما أقول شهيد هل أدعو الله أن تكون لي، وأن أدعو لها بالصلاح؟

🌿 Pitakonan : Syeikh kula ingkang minulya, kula rumiyin naté maksiat pacaran. Banjur pedot amarga kula lan tilas pacar kula ajrih dumateng Allah.

☘Allah pinangka saksi marang atur kula niki. 

💐Lha sakniki napa kula pareng ndonga supados tilas pacar kula niku kanggo kula? lan ndonga supados piyambak'ipun dados wong wadon shalihah ?

🌺الجواب : أدعو الله أن تكون لي ماذا يعني؟ 

أن تكون زوجة.

🌸لا حرج، إذا عرفت باستقامتها وشُهرت عنها توبتها فنعم، أما امرأة تقبل الرجال وتعاشرهم فيحرم عليك شرعا أن تتزوج امرأة لا تحفظ نفسها، أما إن علمت صدقها وتوبتها فلك أن تتقدم لها، والله تعالى أعلم.

🍁Wangsulan : "Kok ndonga supaya dewék'é kanggo aku", ki karepe kepiyé?

🍄Supaya dadi bojo ngono karepé?

🌾Ora popo, angger kowé ngerti dewék'é iku istiqomah lan tenanan anggoné tobat.

🍀Ananging wong wadon kang seneng sembarangan srawung marang wong lanang, haram kowé rabi karo wong wadon kang ora njaga awaké saka wong lanang.

🌹Éwondéné wong wadon sing tok ngerténi jujuré lan tobaté, ora popo menawa kowé nglamar wong wadon iku mau."
 
📚Sumber Fatwa : http://meshhoor.com/fatawa/900/

✍🏻 alih basa déning abul aswad al bayaty

📅 Kemis, 25 jumadal akhir 1438 H/ 23 maret 2017 M

 🍄✨✨✨✨✨✨✨✨✨🍄

📱📲 Monggo sami midhangetaken piwucal agami. islam arupi : fatwa, wewarah kesaenan, pitutur luhur para ulama, rekaman pengajian para kyai lan sanesipun lumantar channel telegram : Ngangsu Kawruh.

🖥 Link channel : http://bit.ly/NgangsuKawruh
Ustadz Abul Aswad Al bayati